"SELAMAT DATANG DI BLOG PUSTAKA ASLIKAN, SEMOGA BERMANFAAT"

Pesan Dari Abah Yai

الحمد لله رب العالمين , وبه نستعين , على أمور الدنيا والدين , والصلاة والسلام على سـيدنا وحبيبنا وقرة أعيننا ومولانا محمد سـيد الأنبياء والمرسلين , وعلى آله وصحبه أجـمعين , ولا حول ولا قوّة إلا بالله العلي العظيم , أما بعد ؛

Ngawiti postingan enjeng meniko, penulis enget dawuhipun Abah Yai ingdalem setunggalipun pengaosan ingkang sampun dipun istiqomah'aken setiap dinten jum'at. Kurang langkung dawuhipun kados menkaten :

1. Angen - angen makhluke Allah,

Lek awakmu kabeh kepengen mulyo mungguhe Gusti Allah, awakmu kudu nyekeli kuncine toto kromo. La kuncine toto kromo niku nopo...??? Kuncine toto kromo ingkang saget ngankat derajade menungso ing ngersane Allah yo iku : "Ngeroso luweh ino tinimbang makhluke Gusti Allah liyane, Ndilok wong liyo (makhluke Allah) luweh utomo/ luweh mulyo tinimbang awak'e dewe, Seneng ngajeng - ngajeng barokah marang wong liyo.

2. Angen - angen Keagungane Gusti Allah (Pencipta jagat raya beserta isinya)

Awakmu kabeh kuwi cilik, ora ono apa - apane dibandeng ciptaane Gusti Allah kang Maha Agung, mulo ojo sok ndel - ndelno, ojo domane awakmu ayu, ganteng, pinter, ojo domane awakmu sugeh donyo brono, ojo domane awakmu dadi pemimpin, pejabat, awakmu banjur sombong. Awakmu ngono kuwi kerono peparinge Gusti Allah mulo iku awakmu kabeh ojo sombong.

3. Neng awakmu susah seng sabar
.

Allah menehi ngono kuwi kabeh iku ono hikmahe.
Lek awakmu di paringi sugeh donyo brono karo Gusti Allah, iso to nggunakno donyo brono iku kanggo golek ridhane Allah kanggo sedekah.....???
Awakmu diparingi rupo ayu, ganteng, kepinteran, opo yo iso awakmu ora bakal sombong.......???
Awakmu diparingi rupo elek, badan cacat, opo toh iso awakmu kabeh nerimo kanti ati kang ikhlas...???
Awakmu diparingi susah, melarat, miskin, opo toh iso awakmu kabeh sabar lan selalu eleng Gusti Allah...??? Awakmu diwenehi melarat/susah, yo ngono kuwi pancene gusti Allah menehi dalan rizki songko melaratmu kuwi, awakmu dikengken sabar mergo Allah seneng marang wong kang atine selalu sabar.

4. Ojo seneng muring - muringa,

***
Kurang langkung ringkese kados menkaten dawuhipun Abah Yai, mugio ndadosaken pengeleng kangge kito sedoyo, ndadosaken kito sedoyo seneng angen-angen keagungane Gusti Allah.

Kenopo seh gusti Allah ndadosaken makhlukipun enten seng jelek, cantik, ganteng, sugeh, melarat lan lintu-lintu nipun, padahal gusti Allah Maha pencipta, padahal Gusti Allah saget ndadosaken sedoyo makhlukipun niku sae....??? mboten sanes inggih meniko supados menungso niku purun berfikir, purun angen-angen lan purun syukur dateng sedoyo nopo ingkang sampun dipun parengaken dumateng kito sedoyo. Kaya, miskin, melarat, tampan, jelek, cantik, pandai, bodoh, niku sedoyo cobaan saking Gusti Allah, mung kito mawon ingkang mboten ngeraosaken bele meniko sedoyo saking Allah.

Mekaten ingkang saget kulo tulis, mugio saget manfaati kangge kulo khususipun lan kangge panjenengan sedoyo (pembaca) umumipun, Aamiin.....

Related Posts:

  • Mengapa Rasulullah SAW Melarang Umatnya Kencing Sambil Berdiri?Kencing atau bahasa halusnya buang air seni ini sudah bukan suatu hal yang asing lagi bagi umat manusia. Setiap manusia melakukan aktivitas ini untuk mengeluarkan sisa-sisa metabolisme tubuh (mengeluarkan kotoran tubuh). Dala… Read More
  • Hikmah Posisi Tidur Sesuai Anjuran Rasulullah SAWPosisi tidur terbaik menurut riset ilmiah adalah dengan bertumpu pada sisi kanan tubuh (menghadap ke kanan). Fakta yang telah diuji melalui riset medis modern ini bersesuaian dengan anjuran Rasulullah SAW dalam sunnah, jauh s… Read More
  • 3 Hal Penyebab CelakaDari Ibrahim An-Nakha’I ra. : ﺍِﻧَّﻤَﺎ ﻫَﻠَﻚَ ﻣَﻦْ ﻫَﻠَﻚَ ﻗَﺒْﻠَﻜُﻢْﺑِﺜَﻼَﺙِ ﺧِﺼَﺎﻝٍ : ﺑِﻔُﻀُﻮْﻝِﺍْﻟﻜَﻼَﻡِ ، ﻭَﻓُﻀُﻮْﻝِ ﺍﻟﻄَّﻌَﺎﻡِ ،ﻭَﻓُﻀُﻮْﻝِ ﺍْﻟﻤَﻨَﺎﻡِ . “sesungguhnya orang-orang sebelum kamu itu celaka hanya lantaran ti… Read More
  • Siapakah Orang Mulia dan Orang yang Bijaksana?Bismillahirrahmaanirrahiim.... Segala puji bagi Allah, Tuhan yang telah menihtahkan ilmu sebagai sifat tertinggi diantara sifat-sifat yang sempurna. Aku bersaksi, sesungguhnya tiada Tuhan selain Allah yang Maha Esa dan tiada… Read More
  • 5 Nasihat dari Kitab TauratDari Al-Hasan Al-Bashri (semoga Allah memberi rahmat kepadanya), dia berkata; ﻣﻜﺘﻮﺏ ﻓﻲ ﺍﻟﺘﻮﺭﺍﺓﺧﻤﺴﺔ ﺍﺣﺮﻓ, ﺍﻥ ﺍﻠﻐﻨﻴﺔ ﻓﻲ ﺍﻟﻘﻨﺎﻋﺔ ﻭﺍﻥ ﺍﻟﺴﻠﺎﻣﺔ ﻓﻲ ﺍﻟﻌﺰﻟﺔ, ﻭﺍﻥ ﺍﻟﺤﺮﻣﺔ ﻓﻲ ﺭﻓﺾ ﺍﻟﺸﻬﻮﺍﺗ, ﻭﺍﻥ ﺍﻟﺘﻤﺘﻊ ﻓﻲ ﺍﻳﺎﻡ ﻃﻮﻳﻠﺔ, ﻭﺍﻥ ﺍﻟﺼﺒﺮ ﻓﻲ ﺍﻳﺎﻡ قلي… Read More

0 komentar:

Post a Comment